Rabu, 20 April 2011

ANI-ANI


Ani ani


Panen pari jaman biyen nganggo ani-ani. Sing manen wong wedok. Panenne yo ati-ati. Sepisan ati-ati ben ora keno ani-ani-ne, ping pindhone ati-ati aggone milih ulenan pari. Ben kasile panen iku akeh sing mentes. Mengko nek oleh bawon ya akeh berase. Wong lanang sak sawah mek cukup wong papat utawa limo, mbabat dami sing wis di dijipuk parine. Masio ngono yo cepet rampung.


Panen pari nek nganggo ani-ani isa milih-milih. Pari sing elek ditinggal dadi jatahe wong ngasak. Wong ngasak nek ora ko desa liya, ya wong sak desa ning sing duwe cacat sosial, mula ora diajak derep. Lumayan isih oleh ngasak. Yen cacat sosiale nemen, umpamane malingan, clemer, utawa mek gawe isinne wong sak ndeso ya ora oleh ngasak babar pisan. Iki minongko ukuman tradisional sing efektif. Ketoke kejem, ning ngemu pendidikan sosial bermasyarakat. Wong urip mono ra iso ijen. Sak liyane kudu srawung sing aik, ugo kudu melu njogo kaurmatane desa. 


sawah

Wong Ngasak. Wong sing golek sisa-sisane pari derepan. Sing siji ngasak nganggo ani-ani, sijine nganggo arit. Sing ani-ani mek nggendhong dunak, sing nganggo arit nggendong karung kebak pari. . hehehehe.

Sak iki, gandheng sing tandang manen pari iku mek wong lanang, akibate wong tani sing wedok kelangan wektu melu ngrumati hasile panen ning sawah. Wong-wong wedok wis ora derep maneh. Wong wedok mek dadi seneng ngerumpi. Nek jaman mbiyen lumayan iso petan...ndidisi lingso sukur entuk tumo... hahahaha...




Nek jaman saiki ciloko mencit tenan. Wong wedok ora nduwe wektu melu ngopeni sawah. Malah sok-sok ora oleh metu nang sawah esuk-esuk. Kudu melu kuliah subuh utawa pengajian... hehehe... nek ra melu dijothaki utawa dianggep calon nyemplung neraka.... mula yen saiki pertanian sawah ketok yen dadi rusak mbok menawa salah sijine amarga ganti cara panen iki mau. Carane panen di babat sak wit-wite banjur di dos. Ning yo piye, wong pari-pari jaman saiki iki pendhek-pendhek..... ura mek pendek wite tapi ugo pendek umure. Pokoke kabeh dicepetke. Nek nganggo ani-ani isa-isa wonge cepet bungkuk ...

ani ani
Mbiyen nganggo alat tani sak onone, hasile lumayan akeh. berase mentes, rasane enak masio warnane ora puteh. Malah iso swasembodo pangan. Lha sak iki....alate ngedap-ngedapi, kabeh iso dicepetke... ning kok malah kurang bahan pangan. Beras wae njupuk soko negoro liyo koyo to Vietnam. Padahal aku isih kelingan……tahun 1994 petani-petani soko negoro Vietnam ajar (ngangsu kaweruh) ngenger dadi petani ning Cianjur. Jumlahe ono atusan petani kanthi giliran. Lah sak iki kok malah awake dewe sing njaluk sego soko Vietnam…. Sampek-sampek Motor Mabur gaweane wong Bandung di ijolke mbek beras. Wis Jan tenan.
Wah, piye yo carane nguri-uri budaya pari kang bisa luwih njaga kelestarian lingkungan, sosial lan budaya?

3 komentar:

  1. wis tau po,..mek pari nang sawah,..aku lo wis tau,..nek durung tau berarti nggedabus ndhe,...hehehhehehe,....btw,..apik ,..aku aja gak kepikiran,..bener kabeh sing mbok kandhakke iku,...thanks ya,..dishare,..

    BalasHapus
  2. ... sesama wong ndeso sak umuran sampean.. pasti wes tahu ngalami ... lho... Ngasak yo.. angless.. opo maneh... nek derem kan wong wedok to Ndhe,,,,

    BalasHapus
  3. derep po derem,... derep to sing bener,. mengko entuk bawon,..paro piro ngono to carane,..nek aku ming bagian nimbang wae,..bantu2 emak di rumah,..karo mepe gabah e nek wis tekan omah,..rasane panas tur giatel,.. hiiii,... ning nek wis tau rekoso ki wis ra kaget nek urip penak ndhe,..hehhehehe,..= = =

    BalasHapus